Ora diselaki maneh manawa Ki Narta Sabda iku dhalang kondhang kang kalungguhane ing jagad pakeliran ora bakal kagantekake dening dhalang-dhalang saiki. Semono uga Ki Manteb Sudarsono, kang uga antuk kawigaten luwih dening sutresna wayang, lan para dhalang liyane kang rata-rata duweni sutresnane dhewe-dhewe.
Banjur ing jaman saiki, dhalang anyar sing kaya ngapa sing dibutuhake masarakat? Sing kaya Ki Narta Sabda, Ki Manteb Sudarsono, utawa sing kaya ngapa? Pitakonan iki kayane durung bisa diwangsuli jalaran akeh banget pilihan dhalang mudha sing sejatine padha mumpuni kabeh. Apa maneh saiki wus tuwuh dhalang-dhalang bocah kang kawasisane mbabar wayang ya ora kalah karo dhalang lawas.
“Manawa nyawang anane dhalang bocah, ing gambaranku ora liya amung para dhalang bocah iku dijagakake minangka paneruse dhalang-dhalang senior. Ing papan pamulangan kayata SMKI (saiki SMKN 8 Solo) lan ISI, dadi papan panggulawenthahe wong kanggo nunggak semi dhalang. Saliyane iku isih ana sanggar-sanggar seni, kayata Sanggar Seni Sarotama, kang dadi wadhah lan papan panggulawenthahe bocah kang ajar ndhalang. Akeh banget bocah cilik sing ajar ndhalang ing sanggar seni mau, jalaran institusi formal durung ana sing nampa bocah cilik kang kepengin ajar ndhalang, kajaba manawa wus ngancik SMA utawa kuliyah,” piterange Yunanto Sutyastomo, panngilut budaya, nalika ditemoni Espos ing Balai Soedjatmoko Solo, Selasa (19/7).
Mirutut piyambake, ngrembakane dhalang bocah ing jaman saiki kudune dijurung kabeh pehak. Amarga ing tangane bocah-bocah iku, uripe pakeliran ing tembe mburi ditemtokake. Tamtu, iki ya mbutuhake kawigatene pamirsa lan sutresna wayang, sarta panjurunge pamarentah. Ora kena, nasibe wayang kulit sukembene amung disunggi lan dadi kuwajibane dhalang thok.
“Sing baku, wiwit saiki dhalang-dhalang bocah iku diwenehi kalodhangan kang luwih jembar lan kerep. Amarga dhalang-dhalang bocah iku ya duweni cakrik lan sanggitan dhewe-dhewe, minangka ciri mligine. Iki kudu diasah terus lan kerep diwenehi kalodhangan tampil supaya sanasaya ndadi lan mumpuni.”
Anane festival dhalang bocah sajane ya cukup mbiyantu. Amung wae kegiyatan iki digelar amung setaun sepisan. Iki genah kurang. Taman Budaya Surakarta (TBS) utawa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) pancen wus paweh kawigaten marang jagad pakeliran, kanthi nggelar pakeliran ajeg saben sepasar sepisan. Nanging bali maneh, kasunyatane dhlanag-dhalang kang diwenehi kalodhangan tampil ya para dhalang diwasa.
“Mbok sepisan-sepisan uga ditampilake dhalang bocah. Ing Balai Soedjatmoko dhewe, ya tau nampilake dhalang bocah. Muga-muga sukembene bisa dikerepi. Terus, papan liyane utawa pehak liya uga paweh kalodhangan kang jembar marang dhalang bocah. Pamarentah dhewe ya aja kurang greget kaya ngene iki,” ujare Yunanto.
Tumrape dhalang bocah, kudune ya mawas dhiri lan bisa ngempan papan nalika mbabar crita lakon. Sing dikarepake yaiku, crita lakon kang dibabar kudune ya ditrepake karo jagade bocah. Upamane kanthi sarana wayang kancil, kang crita bakune saka jagade sato kewan, nanging kebak piwulang.
“Manawa nganggo wayang purwa, ya ora apa-apa. Nanging lakon kang diangkat mbok ya diselarasake karo umure bocah. Upamane ngenani uripe Pandhawa lan Kurawa nalika isih cilik kuwi kepriye?[solopos]


2:09 AM
Posted in: 
