Ki Gondo Darsono alias Mbah Gondo Darman, empu dhalang kang uga paranwara kiblating jagad pakeliran ing Tanah Jawa, sadurunge puput yuswa nate mratelakake lan ngudarasa kahanane jagad pedhalangan ing jaman globalisasi. Nut pamawase piyambake, “Saiki wis ora ana dhalang. Anane, mung kari wong buruh mayang”.
Buruh mayang iku makna prasajane wong kang cekelgawene utawa panguripane dadi paraga nglakokake lan nglakonake wayang kulit. Bisa uga ditegesi, para dhalang wayang kulit jaman saiki, luwih akeh kang milih payu utawa laris tanggapane katimbang tetep nggondheli pakem jatidhirining dhalang, minangka guru sejati punjering prilaku kautaman lan piwulang luhur adiluhunging budaya bangsa.
Pamawas kebak sanepan lan piwulang luhure sesepuh kang uga guru spiritual-e para dhalang kondhang saindenging Nuswantara iku mau,  bisa uga dijabarake minangka pratelan rasa kuciwa lan kaprihatinane Mbah Gondo Darman mring saya sureming proses regenerasi jagad pedhalangan, uga laku jluntrunge nunggaksemi dhalang sejati kang kaanggep saya ora cetha.
Kasunyatane pancen banget mrihatinake. Tan kasile proses regenarasi piwulang lan panggemblengan ngilmu katrampilan, uga semangat batine dhalang sejati mring generasi jaman globalisasi wektu iki, njalari saya pungges curesing bakal calon dhalang sejati. Nut panafsir panemu lan pamawase Mbah Gondo Darman, dhalang sejati iku dhalang kang bener-bener mumpuni, dudu wong kang cekelgawe lan panguripane dadi buruh mayang. Amarga tan kasile nunggak semi dhalang sejati iku uga, njalari owah gingsir panganggeping profesi dhalang jroning bebrayan agung. Kapetung wiwit welasan taun kapungkur, pamawasing warga masarakat mring pakaryan lan semangat bataine dhalang pancen bisa sinebut wis malik grembyang.
Kedhunging ilmu
Jaman biyen, dhalang kaanggep pakaryan kang banget menjila lan mulya. Dening warga masarakat, dhalang kalungguhake luwih dhuwur tinimbang tokoh-tokoh masarakat liyane. Kajaba iku, dhalang kaanggep uga minangka guru spiritual, kedunging ngilmu, sumbering kawruh lan paran pariwaraning sakeh ruwet-rentenging bebrayan agung, jroning mancawarna wiramaning sakeh warga masarakat.
Kawaskithaning lan kapinterane mring laku prilaku sakehing ngilmu budaya, filosofi filsafat uga laku batine tradhisi kejawen, njalari dhalang kaanggep manungsa lipat seprapat tamat lan jalma pinilih kang linuwih. Kasunyatane, ora saben wong kang bisa mayang antuk gelar Ki dhalang. Sarat saranane bisa dijuluki Ki dhalang, pancen mbutuhake wektu tan winates suwe. Kajaba kudu dikantheni srana laku ritual, sateme abot sanggane.
Proses regenerasi dhalang uga dadi pakaryan lan jejibahan kang ora gampang, kaya dene mijet wohing ranti. Nggulawentah lan nggembleng bakal calon dhalang, sejatine ora mung pakaryan kang gegayutan mring andharan lan medharake ngilmu katrampilan pakeliran kasat mata. Utamane ngenani babagan olah katrampilan sabet, sanggit, antawacana, suluk, pranatan gendhing pangiring, subasita, ngadi busana lan liya-liyane kang gebyar lairing bisa kasawang netra. Regenarasi dhalang iku kawah candradimukane para bakal calon dhalang sejati. Kajaba papan panggemblengan olah katrampilan jagading pakeliran, uga minangka srana sarananing pasinaon filosofi falsafah jagading wayang, jiwa jawaning wong Jawa maknani lan ngiyakini wayang minangka wewayanganing ngaurip jroning cakra manggilingan.
Krana sakehing andharan iku mau uga, prosesi ritual spiritual nunggak semi jagad pedhalangan, rinasa luwih trep lan prayoga kajaba dimaknani minangka kedhunging ngilmu kautaman, uga sumbering piwulang luhur lan suci. Luwih jibaku maneh, proses regenerasi dhalang satemene uga minangka wujud nyata, upaya murih tetep langgeng lestarining budaya, warisan leluhuring bangsa Indonesia kang endah edi peni lan banget adiluhung. [solopos]

2:18 AM
Posted in: 