Omah iku katon sepi mamring, sajake wis pirang-pirang dina ora ana wong kang ana kono, apa meneh latare katon reged lan lampune uga mati, genah yen wis sauntara dina ora ana sing manggon.
Aku rada bingung banjur arep takon sapa wong omah sakiwa tengene ya katon tutupan lawang kabeh gek lawange pager ya ditutup.

Rongpuluh tahun kepungkur aku mbiyen kerep dolan mrono, meh saben malem minggu utawa dina preinan aku mesthi dolan mrono saperlu nemoni wong sing dadi geganthilaning atiku.
Ah... Sumi... Sumi... saumpama kowe ora blenjani janji mbok menawa aku bisa urip mulya karo kowe, wektu rongpuluh tahun mbok menawa anakku wis papat utawa lima. Hla jenenge wae wong tresna iku gampang-gampang angel, sanajan rupane Sumi iku mung klebu tiba sedhengan, ora ayu ya ora elek nanging aku kok ora bisa nglalekake dheweke nganti seprene, rasane donya iku ora ana wong wadon kejaba Sumi, Sumiyem prawan saka Wonogiri.
Anggonku kenal Sumi sejatine ora sengaja, pas nalika sekatenen aku nonton bareng kanca-kanca saka kampung, e... ndelalah kok ana bocah wadon nganthi bocah cilik nangis mingsek-mingsek neng ngarep Mesjid Agung.
“Ana apa Dhik kok nangis?” pitakonku karo nyedhaki, “aku kecopetan kok Mas, dompetku ilang, gek piye mengko aku ora bisa mulih nyang Wonogiri.” Ing batin aku wis nggagas, ya iki dalanku dadi satriya kang mbelani wong kang lagi kesusahan, “ya wis ora sah dipikir, mengko mulihe bareng aku sakanca, omahku Nguter kok Dhik dadi bisa nunut rombonganku.”
Dhasar aku iki isih joko thing, niyatku nonton sekatenan ya tujuwane golek kenalan sapa ngerti ketemu jodhone. Sebanjure saben dina malem Minggu aku mesti dolan menyang omahe Sumi, kawitane mung kekancan nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresna, tresna kang suci tenan dudu tresna amarga nepsu birahi. Pacaran suwene meh telung taun aku durung tau kok jenenge njiwit tangane, utawa gegojegan kang ngliwati wates.
Aku kepengin mbesuke Sumi dadi bojoku, dadi ibune anak-anakku, dadi mbahe wedok putu-putuku, dadi mbah buyute buyut-buyutku. Atiku wis manteb tenan, ya mung Sumi wong wadon ing donya iki kang bakal dadi bojoku. Nanging ana bab sing dadi ganjelaning ati, apa wong arep omah-omah iku mung cukup pawitan tresna? Apa cukup njagakake bantuwane wong tuwa? Aku iki kanoman kang isih nganggur sanajan ing sakmburine jenengku ana embel-embel titel SE (sarjana ekonomi). Rasane kaya disamber gludhug ing wayah ketiga bareng krungu kabar Sumi arep diomah-omahke karo sawijining pegawe bank. Wektu iku aku wis ora diolehke nemoni Sumi. Rasane atiku kaya wong bingung kae, jebul kaya ngene rasane wong kepedhotan tresna.
Apa Sumi medhot katresnane? Pitakonan iku bola-bali ora oleh wangsulan, nanging nyatane wong tuwane Sumi wis njodhokake Sumi karo pegawe bank. Aku nyadhari kabeh iki pancen salahku dhewe ngendi ana wong wedok gelem dipek bojo wong angguran, ngendi ana wong tuwa gelem duwe mantu pengangguran.
Rasane aku iki wong lanang kang ora ana ajine babar pisan, tujune akal warasku isih mlaku, aku pengin mbuktekake menawa aku bisa cekel gawe kang lumrah kaya wong-wong kae, mbuh dadi pegawe, mbuh dadi buruh, mbuh bakulan, mbuh nyopir, mbuh nguli, mbuh nukang, mbuh ngojek, mbuh dodolan bakso, mbuh dodolan bakmi, sing penting aku kudu nyambut gawe, ya amarga penggaweyan iki sing dadi jatidirine wong lanang. - Oleh : Sumedi [solopos]

5:43 AM
Posted in: 