Carane nyanggit kaya dene wong diwasa, nanging dhalang iku nalika lodhang ya isih seneng playon lan gegojegan karo kanca-kanca saumurane. Patrape dhalang bocah pancen ora kena diselaki. Cekelane wayang kulit lan wasis nglagokake suluk sarta bisa aweh panglipur marang sutresna pakeliran, nanging kasunyatane tetepa dhalang iku awujud bocah cilik sing lagi seneng-senenge dolan utawa dolanan.
Ati iki ya krasa seneng nalika nyawang carane mbabar wayang kulit. Dak kira, masarakat kang ngebaki Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) utawa TBS Solo, nalika digelar Temu Dalang Cilik Nusantara IV 2011, sawetara wektu kapungkur, uga duweni rasa pangrasa lang pangajab kang ora beda.
Manawa disawang saka pangrembakane dhalang bocah jroning jagad pakeliran, pancen mbungahake ati. Solo utawa dhaerah sakiwa tengene kayane ora prelu kuwatir bakal kentekan calon panerus dhalang kang mumpuni. Saora-orane ana gregete lan semangat kanggo ngemban kasenian, mligine jagad pakeliran.
Tuwuhe dhalang bocah ing jaman saiki pancen mbungahake. Ing adicara Temu Dalang Cilik Nusantara IV 2011 iku wae udakara ana 77 dhalang bocah saka sawetara dhaerah kang andon kawasisan mbabar pakeliran. Nanging manawa ditlusur kanthi teliti, sejatine dhalang iku dadi panganane wong diwasa kanthi sumber crita kang arupa katresnan, wahyu, lan paprangan utawa rebutan kakuwasan.
“Pawitane nalika taun 1970-an, satemene durung akeh dhalang bocah. Kepara malah durung ana. Nanging ing tingkat rumaja, utamane ing SMKI Solo, seni pedhalangan wus ditepungake wiwit taun 1950. Anggepane, bocah sing wus ngancik rumaja wus padha mudheng lan bisa mikir ngenani asmara, pulitik, lan perang,” pratelane Bambang Suhendro, Wakasek Bidang Humas SMKN 8 Solo (jaman mbiyen SMKI), nalika ditemoni ing kantore, Selasa (19/7).
Nanging ing ngrembakane wektu, pedhalangan wiwit surut lan ora pati akeh sing nggatekake. Mula, banjur tuwuh sanggar-sanggar seni kang memulang seni pedhalangan ing njaban gedhung sekolah, kanggo madhahi bocah-bocah sing isih duwe semangat lan kepenginan nyinau pedhalangan.
“Dhalang jaman mbiyen iku ya lair saka anak dhalang, utawa anak niyaga. Nanging saiki dhalang-dhalang digulawenthah dening sanggar seni. Lan, cacahe ya sansaya akeh. Nanging sing prelu digatekake, bocah kang ndhalang durung mesthi dadi panjaga utawa palestari wayang. Manawa nggumregahake seni pedhalangan, iya. Crita kang dibabar uga dijumbuhake marang blegere tokoh-tokoh pahlawan. Upamane lakon Gathutkaca Jedhi, Gathutkaca Winisuda,” ujare.
Ngandhut tuntunan
Nanging nalika njupuk lakon ngenani Gathutkaca, sajane ya ana prakara kang wigati lan kudu digatekake bebarengan. Pancen bener, Gathutkaca iku tokoh kang sekti mandraguna lan patut dadi idola-ne bocah. Nanging Gathutkaca iku kerep kauji kasektene nalika ketemu mungsuh, lan wusanane bisa mateni mungsuhe. Crita Gathutkaca kang sekti mandraguna ora ana gregete blas manawa ora ana perange. Mengko kasektene Gathutkaca kang kerep dicritakake iku mundhak ora kabukti.
“Aku mung ngajab supaya pamikirane bocah ngenani perang utawa mateni mungsuhe iku ora ngejawantah minangka padu kang tenanan kanggo golek bebener. Nanging anane perang utawa paten-patenan iku cukup ana ing pakeliran wae, minangka seni kang endah. Amarga wayang iku saliyane tontonan, uga ngandhut tuntunan. Iki kudu digatekake. Apa maneh sing ndhalang kuwi isih bocah,” tandhese.
Ing kalodhangan kuwi, Bambang nyebutake manawa jagade bocah iku dudu wayang. Apa maneh crita-crita kang kababar jroning pakeliran kajupuk saka crita wayang purwa, yaiku crita Ramayana lan Mahabharata. Kuwi kabeh during patut tumrape bocah.
Kudune crita wayang utawa jinis wayang kang dilakokake dhalang bocah uga diselarasake karo jagade bocah. Wayang kancil salaha sijine. Tokoh-tokoh wayang kancil iki arupa sato kewan lan tetuwuhan, sarta nggambarake crita welas asih marang titah urip. Liwat sarana wayang kancil, jarene Bambang, malah bisa kanggo saranan memulang budi pakerti lan mbangun watak sarta jati dhirine bocah.
“Crita kang diangkat malah selaras karo jagade bocah. Liwat paraga sato kewan, bisa diterangake ngenani piwulang budi pakerti lan patrap kang becik. Manawa adhedhasar crita wayang purwa, kok dak kira kurang trep lan kaya-kaya dipeksakake. Sing ora kalah wigati, buku sanggit crita bocah ya kudu diakehi maneh,” tambahe.
DHALANG BOCAH—Rakha Alfirdaus mbabar wayang kanthi lakon Gathutkaca jedhi nalika festival dalang cilik ing Universitas Negeri Yogyakarta (UNY), Sleman, sawetara wektu kepungkur. [solopos]

2:06 AM
Posted in: 